Thursday 9 August 2018

Temu Manten MC Bahasa Jawa

PANYANDRA MIJILIPUN TEMANTEN PUTRI (keluarnya pengantin putri dari kamar rias)

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,Hambabar Ketawang sekarteja/Puspawarna. Kaya ganda hangambar arum katiuping samirana manda. Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.

Panti  ateges papan  busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata. Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah

Hangagem puspita rinonco ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.

Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.

PANYANDRA PRAPTANING TEMANTEN KAKUNG (kedatangan pengantin putra)

Geteeeer pater kaya ana teja kang manter, horek sanjawineng sasana pahargya bebasan sorak hambata rubuh swarane. awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang ketingal agung,ageng lan wibawa.

Temanten kakung lamun cinandra bebasan kurang candra luwih warna. dasar pekik ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata. langkun-langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana, sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana kan kuciwa

Dampyak-dampyak para kadang kaliyan warga wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote ingkang samya kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.

Wus ndungkap unggyan kang tinuju ,gya lumadi laksitaning adicara pasrah tampa.

PANYANDRA TEMANTEN PANGGIH / TEMON

Reeep tidhem premanem, datan ana sabawane walang salisik, bebasan gegodhongan tan ebah awit samiran tan lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha,senadyan hamung lumantar swaraning pita swara.Awit sedaya kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama.

Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam madya hanenggih sambut silaning akrama

nulya kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal mring temanten priya kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang gantalmring temanten putri kang winastan Gondhang tutur.

KETIKA MENGINJAK TELUR 
Kawistara kanang antiga tiapak padha pecah sanalika deningtemanten kakung, bpunika asung pralampita bilih temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji ingkang suci,pratima bangkit tata jalma,putra kinarya tetalining akrama.

KETIKA CUCI KAKI
Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring pepadhaning keng raka,sarwi sumembah sarta hamiji pepadhaning ingkang garwa

KETIKA SINDURAN
Titipurna adicara panggih, tumuli lumadi adicara sinduran,kawistara temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken dening ingkang Ibu.tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten kekalih tumuju ing kursi palakrami.

Kawuryaaan alon-alon tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang tinuju.Punika asung pralampita dhumateng kang binoja krama,mugi -mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang mangun brayat anyar,tansah kebak ing pangati-ati ,datan grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok jalaran keselak muluk.

KROBONGAN
Sesi ini ada:
  • bobot Timbang
  • tandur
  • kacar-kucur
  • dahar kembul 
sesi selanjutnya adalah

SUNGKEMAN 
Wus lengser saking palenggahan, risang temanten kakung hanganthi ingkang garwa sumarak wonten ing ngarsanipun ingkang Bapa tuwin Ibu,tumuli sumungkem lan ngabekti nyuwun idi pangestu anggenipun palakrama mugi tansah manggih bagya mulya,saget langgeng dumugi salami-laminya.

Bekti dhumateng ingkang Rama labet enget bilih ingkang rama wus sembada ngfukir jiwaraga dadya lantaraning tuwuh.
Parandene sumungkem dumateng ingkang ibu labet enget bilih ingkang Ibu wus kinarya papanig yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta hanglelithing wiwit alit dumugi akir dewasa,bebasan cilik digedhek.ke,bodho kapinterake.

Brool kanang waspa ingkang mijil saking anggenira temanten kekalih,tumibeng ing pangkone ingkang rama lan ibu kadya mutiara kang rinonce. kaladuk.e kang ngrumpaka basa bebasan banjir luh sarah waspa sajroning sasana rinengga.

Demikian tadi contoh teks panyandra temanten terbaru.untuk penggunaannya bisa disesuaikan keadaan dan tentunya bisa ditambah atau dikurangi sesuai kebutuhan.Sebagai pranatacara tentunya harus bisa memahami pula gending-gending yang diperlukan pada setiap sesinya.seperti:

  • mijilipun temanten putri
  • praptaning temanten kakung
  • panggih
  • krobongan
  • mapak besan
  • sungkeman
  • photo temanten
  • pambagya harja
  • panutup/purna

Maka dari itu saya juga mempersiapkan koleksi Gending-gending untuk pahargyan pernikahan adat jawa yang bisa di download disini. Jika ingin mengetahui urutan acara pada pernikahan adat Jawa bisa klik di sini.

Sebagai MC Bahasa Jawa atau pranata cara kadang juga sering diminta untuk memasrahkan penganten atau juga menerima pasrah ataupun juga untuk pambagya harja.